Wong Kurdhi ing Suriah

Peta Suriah kanthi wewengkon sig didunungi wong Kurdhi awerna jambon, ing taun 1976

Wong Kurdhi ing Suriah iku ngrujuk marang wong-wong katurunan Kurdhi sing lair, utawa sing ndunungi wewengkon ing Suriah. Miturut akèh sumber, wong Kurdhi iku minangka ètnis minoritas sing gedhé dhéwé ing Suriah, kanthi gugung cacah jiwané udakara 7% lan 10% saka gunggung kabèh padunung Suriah.[1][2][3][4][5] Wong Kurdhi ing Suriah wis kerep ngadhepi dhiskriminasi lan tumindak ala déning pamaréntah.[6][7]

"Kurdhistan Suriah" (Kurdish: Kurdistana Sûriyê) iku jeneng ora resmi sing digunakake déning sawenèh wong kanggo ngrujuk marang wewengkon lor lan lor-wétané Suriah sing didunungi déning wong Kurdhi.[8] Wewengkon pérangan lor-wétan sing didunungi déning wong Kurdhi nyrambahi pérangan Kagubernuran Hasakah. Kutha-kutha Kutha-kutha sing utama ing wilayah iki ya iku Qamishli (Qamishlo) lan Al-Hasakah. Wewengkon liyané kanthi cacahé wong Kurdhi kang cukup akèh ya iku Kobanî (resminé dikenal minangka Ayn al-Arab) ing sisih loré Suriah cedhak kutha Jarabulus lan uga kutha Afrin karo sakupengé kutha kasebut ing sadawaning tapal watesé Turki.

Akeh wong Kurdhi sing ngupadi saperlu mujudaké pulitik otonom kanggoné wewengkon Kurdhi ing Suriah, kaya sing ana ing Kurdhistan Irak, utawa hak dadi pérangan saka Kurdhistan sing swatantra. Jeneng Rojava (Kurdish: Rojavayê Kurdistanê) uga digunakaké déning sawenèh wong Kurdhi kanggo ngrujuk marang wewengkon magepokan, sing didunungi déning wong Kurdhi ing Suriah.[9][10][11][12]

  1. "Who are the Kurds?" (édhisi ka-Online). BBC News. 31 Oktober 2017. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. Kurds make up between 7% and 10% of Syria's population.
  2. "Who are Syria's minority groups?" (édhisi ka-Online). Special Broadcasting Service. 11 Sèptèmber 2015. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. Kurds are the largest ethnic minority in Syria, constituting around 10 per cent of the population - around 2 million of the pre-conflict population of around 22 million.
  3. "Kurdish Population in Syria" (édhisi ka-Online). 5 Agustus 2014. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. Various proportions are predicted for Kurds. For example McDowall[8] and O’shea[9] predict 8%, Bruinessen predicts 8.5%,[10] Chailand predicts 10%[11]. Vanly, Kurdish writer, stated that Kurds must be at least 7% of Syrian population
  4. World Factbook (édhisi ka-Online). Langley, Virginia: US Central Intelligence Agency. 2015. ISSN 1553-8133. Diarsip saka sing asli ing 2013-05-10. Dibukak ing 25 Novèmber 2017. A rough estimate in this edition has populations of 14.3 million in Turkey, 8.2 million in Iran, about 5.6 to 7.4 million in Iraq, and less than 2 million in Syria, which adds up to approximately 28–30 million Kurds in Kurdistan or adjacent regions. CIA estimates are as of Agustus 2015 – Turkey: Kurdish 18%, of 81.6 million; Iran: Kurd 10%, of 81.82 million; Iraq: Kurdish 15%-20%, of 37.01 million, Syria: Kurds, Armenians, and other 9.7%, of 17.01 million.
  5. Bureau of Near Eastern Affairs (9 Maret 2012). "Background Note: Syria". State.gov. Washington, DC: US State Department. Diarsip saka sing asli ing 17 Oktober 2012. Dibukak ing 2 Agustus 2015. The CIA World Factbook reports all non-Arabs make up 9.7% of the Syrian population, but does not break out the Kurdish figure separately. However, this State Dept. source provides a figure of 9%. As of Agustus 2015, the current document at this state.gov URL no longer provides such ethnic group data.
  6. "Syria: End Persecution of Kurds". Human Rights Watch. Dibukak ing 4 Oktober 2011.
  7. Ian Black. Syrian human rights record unchanged under Assad, report says, The Guardian, 16 July 2010.
  8. Morris, Loveday (9 Agustus 2012). "Syrian President Bashar al-Assad accused of arming Kurdish separatists for attacks against Turkish government". The Independent. London.
  9. "Ankara Alarmed by Syrian Kurds' Autonomy". Wall Street Journal. Dibukak ing 16 Agustus 2012.
  10. "Syrian Kurds more a chance than challenge to Turkey, if…". Al-Arabiya. Diarsip saka sing asli ing 2017-10-10. Dibukak ing 16 Agustus 2012.
  11. "Syrian Kurdish moves ring alarm bells in Turkey". Reuters. 24 Juli 2012. Dibukak ing 17 Agustus 2012.
  12. "Kurds seek autonomy in a democratic Syria". BBC World News. 16 Agustus 2012. Dibukak ing 16 Agustus 2012.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy